π—‘π—šπ—’π— π—’π—‘π—š π—žπ—’π—£π—œ 𝗝𝗒π—ͺ𝗒

Iki kopi jhon.Β #KopiΒ proyek plastikan ekstra bleduk rodo keringetan. Ojok ngomong gilingan, iki murni kopiΒ #sasetan. Sing ora digiling tapi mung digunting. Soal rego, ojo dadi pitakonan. Wong ra nganti 4 ewunan, opo maneh 30 ewunan. Biasane yo sak dermo nulis catetan. Mbayare trimo sewulan pisan. Yen bayaraann…

Soal roso, ojo mbok pekso kudu podo kopine wong liyo. Penting semangat ora sido kendo, ikhtiar ora dadi nglokro. Tetep semangat sampe njengat. Mugo2 #bahagia dunyo lan akhirat…

Ngono yo dab…
Pokoke kerja keras sampe tuntas !
Masalah urip digawe gampang. Ojo digawe pikiran, sambatan, opo maneh hambatan,
Rumuse yo trimo ngono-ngono wae…
Yen kesel, leren…
Yen ngelih, madang…
Yen ngelak, ngombe…
Wayahe kerjo yo sing mempeng,
Wayahe sholat yo sholat.
Ojo diwolik-walik.
Wong sakjane sing bener kerjo kui cuma kegiatan gae ngisi nunggu wayah sholat.

Sing penting bissmillah, yen wis bar alhamdulillah…

colek pujangga kopi Linkedin, pak Attay Rustandar

Add a Comment

Your email address will not be published. Required fields are marked *